SIMBOK KU


Menyongsong hari ibu tg 22 Desember.

Wong sing paling tak tresnani sak donya yoiku *SIMBOK*

Uwong kang seneng ngapusi, nanging jaminane suwarga
Yaiku SIMBOK.

Saben wayah, saben ndino, direwangi kerjo ketekuk ringkel, kanggo anak, awak sayah ora lumrah..
Ngendikane jare wis biasa,.......

Yen ono rejeki, olah2 nyisihke lawuh kanggo  anak,......
Bareng anak mulih,......
Simbok ngendiko, gek maem kae ana lawuh iwak, simbok ora pati seneng iwak,.......

Yen lagi olah2 sithik, ngajak maem anak...
Simbok ngendiko,
wis gek ndang maem, simbok ora luwe

Yen anak lagi lara, nganti tengah wengi anggone nunggoni,......
Bareng anak nglilir, simbok ngendiko,
Wis gek ndang bobok maneh ben ndang sehat,...... simbok durung ngantuk

Yen anak wis rampung sekolah, iso kerjo arep kirim duwit...
Simbok ngendikan
simpenen wae kanggo celengan, simbok isih duwe duwit....

Simbok ngapusi lelakon uripe, simbok nganggep anak koyok bocah cilik terus, simbok tansah sumelang, tansah mikir kahanan anake

Simbok ora mikir sepiro sugihe anak,....
Simbok ngapusi merga rasa ikhlas lan luhur pengorbanane.

*Duh,.....Gusti Allah,....*
*Mugi2 dipun ngapunten sedoyo kalepataniun ibu kulo, dipun tampi sedoyo amal kasaenipun simbok kulo, dipun paringi kewarasan, sehat wal afiat, dipun paringi rahayu, slamet lan santosa. Aminnn Allahuma Amin*


Amiin ...🙏

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Pejuang DPIB SMKN 6 Malang

Catatan Akhir Tahun Kelas XI